Kok Dingklik?

"Deneng dijenengi "dingklik" kang?" ujug-ujug ana sing takon nang langit alias dunya maya. Akeh sing bisa dinggo alesan utawane sabab musababe blog kiye tek wenehi jeneng "Dingklik". Salah sijine sing dadi wiwitane kuwe, pas ngadepi laptop sing wis nyanthol nang "langit" (online) tapi pikiran isih durung bisa mrenahna tulisan sing karepe tek nggo mbagi kawruh. Bokong wis panas isih baen durung temata ukarane, njajal metu njaba ben entuk angin sing semilir nang mburi umah, malah kecipratan sing lagi ngumbahi. Usek-usek karo njagong nang dingklik, ketone enak jagongane. Pikiran trus bae mrucut meng layang sing pating dlidir nang "layang langit" (email)-ku. Sasate saben dina ana sing ngirimi foto-foto Caleg sing lucu-lucu, nganeh-anehi... Sing pada mulai cancut taliwanda, mulai umyeg nganggo cara apa baen ben bisa diwawuhi karo masyarakat. Ben bisa njagong nang "kursi" legislatif! Kursi dudu Dingklik!
Nek jenenge 'kursi' paling ora panggonane nang senthong, apa nang ngarepan, apa nang ruang keluarga. Tapi nek jenenge "dingklik" seringe nang dapur apa nang mburitan. Dadi akeh-akehe sing njagongi dingklik ya bangsane penginyongan. Rakyat biasa sing adoh karo jagongan empuk mendut-mendut. Mulane blog kiye tek jenengi "dingklik", mungguh surasane ben dadi clometane wong cilik, wong ngisoran. Clometan sing ora kudu nganggo "krama inggil", kudu nganggo subasita. Tapi cemlongan sing blakasuta!

Komentar

Postingan Populer