Pengarep-arep....


Pengarep-arep apike ya sing apik, becik.... pengarep-arep ora kur nggo awake dewek, tapi bisa nggo anak putu apa sedulur liyane, bisa nggo kanca sing seringe ya sing cedek srawunge karo awake dewek. Pengarep-arep bisa apa baen, mbuh babagan gaweyan/kerja, sekolah, apa gole nggayuh bebrayan nang ndunya.
Mau bengi, Nyong lagi nggugah maning pengarep-arep sedulur tani nang Desa Ginandong Kecamatan Karanggayam. Pengarep-arep sing tek gugah ora adoh karo kegiatane sedulur tani saben dinane ya babagan tanduran. Tanduran kayu-kayu taun (kayu keras) sing biasane ora adoh seka ngelmu "jor klowor". Nek wis ditandur, ya jorna baen.....mengko kan nggedeni dewek. Kenapa ndadakan digugah? Soale akeh sedulur tani sing luwih ngipuk-ipuk tandurane sing nang sawah tok. Sing nang kebonan utawa tegalan ora pati digatekna. Mulane bareng ana kedadean golet urea utawa TSP uangel banget nggo sawahe. Sedulur tani langsung pada blingsatan, pada ngungun ora bisa tandur bareng. Malah akeh sing pada terus loyo, kaya wayang kelangan gapete. Tapine tegalane malah kur dijorna baen, ora diolah nganti njrememet, ora kaya sawahe. Tegalan utawa karangan sing bisa nggo ditandur mbuh palawija apa sayuran, sing kasile bisa ora kalah karo sing duwe sawah ambaaaa. Tanduran palawija utawa sayuran nek ditlateni temenan ya ora kalah malah bisa ngluwihi tanduran pari.

Tanduran nang tegalan utawane pekarangan sing ana kayu taun malah sering dijorna baen. Nyambung meng pengarep-arep, tanduran kayu taun pancen dadi pengarep-arep nggo anak putu. Jenenge baen kayu taun, sing umure pada karo sing nandur malah bisa ngluwihi, tembe bisa dipanen kasile. Kayu taun dirumat tememen, diipuk tememen ndadekna pengarep-arep sing bisa diarepna temenan. Gole ngrumati nek wis mandan gede, ya ndangiri sing rajin, ben ora ana grumbulan utawane suket sing bisa nggangu tanduran mau. Biasane nek tanduran nang tegalan paling dibruki pupuk kandang. Pancen apik nganggo pupuk kandang, tapi nek diolah maning dadi Pupuk Kompos bisa nambahi jumlah utawa bobot mutune nek dinggo nanga tanduran kayu taun mau.

Ginandong ya ora beda karo desa liyane cara gole ngrumat. Ngrumat tapi dadi malah ora kerumat apik. Blajar nggawe pupuk Kompos nambah daftar pengarep-arep sedulur tani. Nek bagine Nyong, yaa duwe pengarep-arep, moga-moga sedulur tani gelem mraktekna nang tegalane dewek, wong wis dilatih langsung carane gawe Pupuk Kompos sing apik.
nyemak...
bar nonton bal-balan....
kaya priyayi nganggo batik mbarang...
ndeleng gawe pupuk kompos

Komentar

Postingan Populer