Weker Kethongan

Kenthongan jaman siki wis mulai ilang prebawane. Jaman nyong cilik, angger wengi mesti krungu kenthongan sekang Bale Desa, kemlunthung suarane mecah sepi sing jaman semono nyenyet banget! Beda karo siki, suara kenthong sekang Bale Desa kalah karo gemremenge suara tivi nang saben umah, suara montor apa mobil sekang dalan gede. Jaman semana nek sekang desaku ajaa mung kenthongan sing petungane cedek. Lha suarane ombak nak laut kidul pating jemlegur baen isih bisa krungu....
Ana macem-macem jenis, cara nuthuk kenthongan sing wis dadi pathokan nang ndesa. Ana doromuluk sing artine aman ora ana apa-apa, titir sing ngudokna wong pada gemregah tangi, ana sing gawat keliwat-liwat. Tapi sing saben setengah jam muni ya tanda nek wektu ditthuthuk jam pira. Thuthukan jam biasane bar thuthukan doromuluk, terus dung...dung...dung...duuuung. Etung baen jumlah thuthutkan bar doromuluk, kuwe nandakan jam pira wektu kuwe. Dadi angger jumlahe tekan 11 (sewelas) berarti wektu kuwe ya jam sewelas wengi. Angger ora ana terusane thuthukan jam, berarti kur doromuluk tok, berarti jam setengah.... tergantung sedurunge. Jaman semana, isih kena diitungi nganggo tangan, sing nang umah duwe jam, apamaning jam beker. Jam sing bisa diatur munine arep jam pira baen, ben nggugah sing pada lagi nang alam ngimpi. Suarane cemlengking, ngagetna banget. Mulane kethongan sekang Bale Desa, dadi pathokane warga kabeh. (ngko sambung maning)

Komentar

  1. aku dadi kelingan nek Ngomongi Kentongan Kang
    Cilikanku biyen nek puasa kan mesti rondane go Kentongan Pring mesti muter2 kang tapi siki wis ora ana, jan cah siki bebehane Poll... sing ana malah pada Turu bae malah ora gelem ronfa, dadine kentongane siki wis ilang babar Blass :D

    Salam kenal yach Kang :)

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan Populer