Wringin Alun-alun


Dina Jum'at (6-02-2009) nyong lagi ngenteni wong nang kantor sing rencanane arep kumpul. Karo ngenteni, kaya biasane ngutak-atik keyboard komputer nggo bahan oborolan mengko. Kira-kira jam 02.15 ujug-ujug mak wuuuut...!!! angin gede banget marakna lawang jemleger nutup. Udane melu teka sejana ora patia deres, sing jan medeni banget kuwe angine.... Wuss....wusssssssss s!!!! Nyamberi wit-witan nang ngarep kantorku. Tujune ora ana wit sing gede apa duwur, dadi ya mandan aso atine.Langsung kemutan sing nang umah, mbok-mbokan durung tekan kana angin ribute. Langsung nelpon umah, sing nang umah nembe ngeh nek ana angin gedhe, wong lagi dolanan karo bocah. Githir metu meng njaba, njikoti pemean ben ora kontal kena angin. Lha angger kontal tekan liya dusun apa ora mumet nggoleti pemean? Bareng telpun tek tutup, tembe mikir lha tujune angine kang kulon mlayu meng ngetan, dadi tilik gombong tembe trus ngetan... Lha angger kewalikane apa ora malah diguyu?Angin ribut sing gede mau ora patia suwe, udane ya kur grimis tok mandan kerep. Bareng sing di enteni pada teka, terus ngobrol ngalor-ngidul- ngetan-ngulon nganti meh magrib. Angin gede mau dadi bahan oborolan setitik. Lha ana obrolan penting liyane, dadi keslimur kagete angin mau.Tekan umah, biyung bocah crita nek wit wringin sing kulon nang alun-alun ambruk! Wah, ya mungkin baen nek ambruk, wong angine jiaaan ngedab-edabi banget koh.... Pas bali meng umah sih ngliwati alun-alun, tapi wong wis liwat magrib, dadi ora patia nggatekna wringin alun-alun. Ketambahan awak wis ngrememeh rasane pengin cepet tekan umah.Esuke, nyong tilik alun-alun bar ngeterna bocah meng sekolahan... Jiaaan! pancen gede banget angine, nganti wit wringin sing biasane nggo ngiyub nek pas olah raga mbiyen bisa ambruk! Monggo dipirsani fotone, nuwun sewu telat. Wong tembe bisa munggah kelurahan. Arep ngirim wingi ndilalah dadi Panitia Seminar Nasional IT dan Bahasa sing dianakna Angkatanku (SMAGO86) karo SEAMOLEC, RISTEK

Komentar

Postingan Populer